ARTIKEL

Senin, 24 Oktober 2011


PURWAKANTHI

Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngamot paribasan, saloka, utawa tembang. Purwakanthi bisa digolongake dadi telu, yakuwi: Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra lan Purwakanthi Lumaksita.
Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita. Utawa isih akeh istilah liya kanggo tetenger araning purwakanthi:
Purwakanthi iku sukukata utawa wanda kang swarane padha utawa meh padha, kang dumunung ing gatra utawa lariking tembang utawa puisi liyane. Ing basa Indonesia swara kang padha utawa meh padha disebut sajak, persamaan bunyi utawa rima. Wanda kang swarane padha iku ing basa Indonesia disebut sajak penuh, dene kang swarane meh padha diarani sajak paruh. Ing pantun, parikan, singir, lan lagu dolanan sajak kang dumunung ing pungkasing larik nduweni kalungguhan kang wigati, awit pungkasaning gatra iku mungkasi kesatuan wirama. Ananging ana tembang, swara kang padha utawa meh padha ing pungkasing larik-larik iku ora dienggo, awit saben lagu iku wis ana aturane mungguh vokal-vokal kang dumunung ing akiring gatra.
Ing tembang macapat ana aturan bab pira cacahing gatra saben sapadane, pira cacahing wanda ing gatraning tembang mau, Ian vokal apa bae sing dumunung ana pungkasaning gatra. Ing tembang macapat ana aturan bab guru wilangan Ian guru lagu utawa dhong-dhing. Swara ing pungkasing gatra ana aturane, mula purwakanthi iku gegayutan karo swara ing sajroning gatra. Swara ing sajroning gatra iku sing padha utawa utawa meh padha ora mung loro, tarkadhang sok dumunung ing sadawaning larik, mula ing kasusastran Indonesia disebut deret utawa runtun. Deret utawa runtun mau ana sing arupa konsonan, ana sing arupa vokal, mula banjur diarani runtun vokal utawa purwakanthi swara, sing tembung mancane asonansi; lan runtun konsonan utawa purwakanthi sastra, basa mancane aliterasi.
Awit anane purwakanthi, tembang mau kapenak diwaca utawa ditembangake lan gampang diapalake. Pilihaning tembung, iketaning ukara, dalah purwakanthi gawe reriptan kang awujud lagu mau dadi endah ngelam-lami. Sing ora pati mudhengake ya bab guru lagu utawa dhing-dhong, endahe ana ngendi yen aturan ngenani guru lagu mau wis ditetepi. Mangka kanggo ngoyak guru lagu, ana tembung-tembung ing akhiring larik kepeksa diowahi, upamane Mataram dadi Matarum, anjarwa dadi anjarwi lan liya-liyane. Tarkadhang kanggo mburu guru lagu, urutan tembung diowahi, upamane: nagari Wiratha dadi Wiratha nagari.
Beda-bedane tembang siji lan lan sijine iku dumunung ana ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Beda karo parikan, singir, utawa lagu dolanan. Ing puisi mau ya ana aturan ngenani guru gatra; parikan adate isi patang larik terkadhang rong Iarik, singir isi patang larik. Bab guru wilangan ora ana aturan kang gumathok, dene purwakanthine awujud sajak akir. Bedane karo tembang, saben tembang iku ana melodine dhewe-dhewe. Saliyane iku, tembang uga duwe watak dhewe-dhewe. Dene pantun, singir, diwaca adedasar irama kalimate. Saliyane purwakanthi swara lan purwakanthi sastra, ana sing diarani purwakanthi lumaksita. Purwakanthi lumaksita iku swara kang padha utawa meh padha ing pungkasaning gatra diteruske ana awaling gatra candhake, conthone: amenangi jaman edan/ ewuh aya ing pambudi/ utawa: tan samar pamoring sukma/ simukmaya winahya kang asepi; conto liyane: kekaraning ngelmu karang/ kekarangan saking bangsane gaib. Dene bab purwakanthi sastra lan purwakanthi swara bisa dipirsani ing Serat Wedhatama pada sapisan pupuh Pangkur.

Purwakanthi guru wanda
Anak anung anindita (wanda a)
Kadang katut (wanda ka)
Bas basuki (wanda ba)
Kadang kadean (wanda ka)
Sugih singgih (wanda gih)
Criwis cawis (wanda wis)
Entek entung (wanda en)
Bandha bandhu (wanda ban)
Tandang tanduk (wanda tan)
Rigen mugen tegen (wanda gen)




Purwakanthi Guru Swara
  1. Aja dumè menang, banjur tumindak sawenang-wenang
  2. Ana awan, ana pangan
  3. Ana dina, ana upa
  4. Ati karep, bandha cupet
  5. Bareng wis makmur, lali marang sedulur
  6. Becik ketitik, ala ketara
  7. Gelem obah, mesthi mamah
  8. Inggah inggih, ora kepanggih
  9. Ijo-ijo godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa
  10. Ireng-ireng kétok untuné, bareng seneng kétok guyuné
  11. Ora cepet, ora ngliwet
  12. Thenguk-thenguk, nemu kethuk
  13. Tuwas sayah, ora paédah
14.  sumi lan surati (swara i)
15.  gajah nguntal srangkah (swara ah)
16.  ya judheg ya buneg (swara eg)
17.  ya bungah ya susah (swara ah)
18.  sura marta jaya marta (swara a)
19.  asu belang kalung wang (swara ang)
20.  tunggak jarak mrajak (swara ak)
21.  bung pring petung (swara ung)
22.  sasore bendhe (swara e)
23.  wong wedok kecenthok-centhok (swara ok)

Purwakanthi Guru Sastra
  1. Aja dhemen memada samèng dumadi
  2. Bobot, bibit, bèbèt
  3. Janji jujur, jajahané mesthi makmur
  4. Sing sapa salah sèlèh
  5. Sing wèwèh bakal wuwuh
  6. Sluman slumun slamet
  7. Tata titi tentrem
8.      sruwa sruwi sregep (sastra s, r)
9.      kala kula kelas kalih (sastra k, l)
10.  Suma Sumi lan Sumarni (sastra s, m)
11.  dewa dewi lan danawa (sastra d, w)
12.  tuwa-tuwa tuwas tiwas (sastra t, w)
13.  waras wiris wareg (sastra w, r)
14.  sluman slumun slamet (sastra s, l)
15.  rasa risi rumasuk ati (sastra r, s)
16.  asah asih asuh (sastra a, s, h)

Purwakanthi Lumaksita
  1. Asung bekti, bektiné kawula marang Gusti
  2. Bayem arda, ardané ngrasuk busana
  3. Lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-xilik
  4. Nandang lara, laraning wong lara lapa
  5. Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
  6. Raja putra, putra dalemé Ngastina
  7. Saking tresna, tresnané mung samudana
8.      Urip iki ora angel,
9.      angele sok ginawe dhewe,
10.  dheweke tan ngrasa bisa,
11.  bisane mung nyadhong dhawuh,
12.  dhawuhe Kang Murba Amasesa.
13.  Ngelmu iku luwih pangaji,
14.  ajine datanpa tandhing,
15.  tandhingna bandha lan arta,
16.  arta iku gampang sirna,
17.  sirnane tan petung wektu,
18.  wektune ilang saben mangsa,
19.  mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.



1 komentar:

  1. Sugeng sonten mz,
    Maaf postingan diatas referensinya dari mana ya?
    Matur nuwun,

    BalasHapus